Minggu, 06 September 2015

contoh uleman


Bismillahirrohmaanirrohim
Assalaamu 'alaikum Wr. Wb.

Nuwun. Hawiyosipun serat punika sesulihing badan kawula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sekaliyan.
Mbok bilih Gusti Allah SWT hangganjar wilujeng ing samudayanipun, kula sebrayat badhe hanggadhahi niat ningkahaken yoga kula ingkang nami,
ANA SETIANA
binti SUDARMADJI


pikantuk,

TOTO RIYONO
bin 
SUDARMADJA
Ugi hangajab rawuhipun para sutresna, hangestreni khajat nikah ingkang bade rinakit mbenjang ing,

            Dinten: setu
            Surya kaping: 28 Februari 2015
            Wanci: tabuh 09:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun.
            Panggenan: Gedung Graha Bhayangkara Kabupaten Tolikara

Mbok menawi panjenengan sekaliyan wonten dhanganing penggalih sarta mboten pikantuk alangan sak tunggal punapa, kula aturi anyekseni lan angrawuhi khajat lan niat kula kasebat.
Awit saking rawuhipun para sutresna, keparenga kula nelak aken agunging panuwun.

Lan saka sawenehe ayat tandha yekti kasampurnaning kekuasaan-Ne Allah, yaiku

“Panjenengan-Ne wus nitahke tumpra sira kabeh pirang-pirang jodho
saka jenis awakiro supaya sira padha tentrem kalawan dheweke lan
panjenengan-Ne adamel kesenengan lan rasa asih
ana ing antara nira, Sanyata kang mangkono iku temen dadi tandha
yekti tumprap wong kang padha gelem mikir.”
(Ar-Ruum : 21)
Cekap semanten atur serat ulem punika.
Tuhu langgeng trisno.
Wassalaamu 'alaikum Wr. Wb.
Atur Taklim Kula,
Kulawarga Bapak lan Ibu SUDARMADJI (Tolikara)

Kulawarga Bapak lan Ibu SUDARMADJA (Jayapura)

ANA &
TOTO